Sabtu, 31 Maret 2012

Pidato Bahasa Jawa tentang Sumpah Pemuda

SUMPAH  PEMUDA

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak Kepala Sekolah ingkang kinabekten.
Bapak/iu guru lan tuwin karyawan TU ingkang kula aosi.
Para siswa kelas VII,VIII,IX,ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyen monggo kula lan panjenengan nderekaken puji syukur dumathen ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun keparing kaanugrahan arupi kesarasan sehinggo ngantos wekdal punika kula lan panjenengan sedaya saged makempal wonten ing adicara dinten pengetan Sumpah Pemuda, wonten ing kawonten kabagas warasa.
Dumathen para rawuh sadaya, kula minangka ketua OSIS badhe maringi sakedik atur pangandikan ing dinten pengetan Sumpah Pemuda niki. Dinten Sumpah Pemuda sampun maringi bukti bilih nagari Indonesia sampun anggadhahi tekad badhe nyawiji, nanging ing jaman saiki nagari Indonesia sampun supe kalihan sejarah perjuangan para pahlawan, sehingga sejarah tanggal 28 Oktober 1928 sampun mboten gadahi paedah, lan kathah daerah Indonesia damel nagari piyambak lan misahaken saking Indonesia. Nanging kula lan panjenengan kedhah mengeti dinten Sumpah Pemuda niki kalihan semangat ngrencangi nagari Indonesia miturut pakaryanipun piyambak-piyambak.
Ing wasana, mbokbilih kathah galap gang sulir atur kula nyuwun agungin samudra pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb

6 komentar:

yg beri koment dpt phala bsar!!aminn,,hehe :)
jgn spam ya,pliss