Sabtu, 31 Maret 2012

Pidato Bahasa Jawa


PERPISAHAN KELAS IX

Assalamualaikum Wr. Wb.
Dumatheng Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak/Ibu guru uga sadaya karyawan TU ingkang tansah kinurmatan.
Bapak lan Ibu wali murid kelas IX ingkang kinurmatan ugi, kanca kelas IX lan adhik-adhik kelas sadaya ingkang kula tresnani.
Puji syukur dumatheng Allah SWT ingkang sampun paring wilujeng sehinggo kula lan panjenengan sami saged makempal ing adicara prpisahan kelas IX SMP Negeri 1 Kradenan.
Bapak/Ibu guru ingkang kinurmatan, kula minangka wakil kanca kelas IX ngaturaken agungin panuwun katur Bapak/Ibu guru ingkang sampun nggulawentah kula lan rencang-rencang hingga kula saknca saged lulus sadaya kanthibiji ingkang sae, mboten kasupen kula sakancaugi ngaturaken agungin pangaksama marang Bapak/Ibu guru menawi kula sakanca gadhah kalepatan marang Bapak/Ibu guru sadaya.
Bapak/Ibu guru ingkang kula kurmati, kulasakanca badhe nilaraken sekdah mriki kangge nglajengaken lampah supados ilmu ingkang sakalangkung inggil.
Prmila kula sakanca nyuwun pamit lan paringana pangestu supados langkah kula sakanca kasembadan ing sedya.
Cekap semanten atur kula,mbok menawi kathah cecer kuciwaning atur tuwin kirangin trapsila anggen kula matur, kula nyuwun agungin sanodra pangaksami
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

yg beri koment dpt phala bsar!!aminn,,hehe :)
jgn spam ya,pliss